Wah Iki! Yimmy Diganti Gatot
Salatiga – beritaglobal.net – Warga medsos Solotigo kabeh kenal karo sing asmane Yimmy Kurniawan. Priyayi bagus iki sregep nyopo aruh wargo sing podho sambat babagan keamanan ing fesbuk amrih wargane podho guyup anggone njogo Kutho Solotigo sing rukun, ayem lan tentrem.
AKBP Yimmy Kurniawan, S.I.K., M.H., M.I.K., sing kulino disopo Pak Yimmy iki pancen wis sak wetoro dadi Kepala Polres Salatiga kawit sasi Oktober 2017 nganti sasi Desember 2018. Nanging, saiki Yimmy Kurniawan wis ora neng Salatiga maneh amargo wis pindah neng Kabupaten Sragen. Mulane kuwi ojo mbok goleki yo. Kangen oleh, nanging ora usah nangis gulung koming.
Minongko gantine Pak Yimmy neng Polres Solotigo, saiki wis ono AKBP Gatot Hendro Hartono, S.E., M.Si., sing sak durunge tugas neng Propam Mabes Polri, Jakarta. Priyayine katon gagah kereng, nanging ora bedo karo Yimmy Kurniawan sing seneng seduluran. Mulo kuwi, mau bengi, Jumat Legi (07/12/2018), diacarakke pisahan lan kenalan Kapolres Solotigo marang Walikota lan kabeh anggota Forum Komunikasi Pimpinan Daerah (Forkopimda) neng Ruang Kaloka, Gedung Setda Pemkot Solotigo.
Ing wektu kuwi, Pak Yimmy nglegakke nyanyekke lagune Didi Kempot sing judule “Banyu Langit”.
“Sejak saya pindah ke Sragen, saya harus rajin belajar Bahasa Jawa, karena di sana memang serba Bahasa Jawa. Oleh karena itu saya di sini sekaligus belajar Bahasa Jawa ingin membawakan lagunya Yimmy Kempot, Banyu Langit,” tembunge Yimmy Kurniawan sing marai poro tamu undangan ngguyu ngekek amargo ngganti jenenge Didi Kempot dadi Yimmy Kempot. Ora kejobo, Ibu Yimmy sing banjur melu ngibing (njoget dangdut) neng sandinge.
Sawetoro kuwi, Walikota Solotigo H. Yuliyanto ngucapke selamat kanggo Yimmy lan Gatot minongko promosi jabatan sing saiki dilakoni.
“Selamat dan terimakasih untuk Pak Yimmy dengan jabatan barunya sekarang sebagai Kapolres Sragen dan selamat datang kepada Pak Gatot di kota paling toleran Salatiga ini. Jangan lama-lama di sini, supaya bisa segera dapat promosi lagi yang lebih tinggi. Rata-rata Kapolres yang pernah di Salatiga, menjadi sukses dengan jabatan-jabatan berikutnya,” ujare Yuliyanto. (Khamim)
Tinggalkan Balasan