Joss Iki!! Awale Modal Rp 2 Yuto, Saiki Hasile ‘Omah Branded’ Bakul Pakaian Atusan Yuto Saben Sasine
![]() |
Koleksi rasukan Omah Mode kagungane Muh Nur Hidayat, pengusaha enom seko Karang Duwet, Kelurahan Kutowinangun Lor, Kecamatan Tingkir, Kitho Solotigo. |
Solotigo, beritaglobal.net – Muhamad Nur Hidayat, lahir ing tlatah Karangduwet, Kelurahan Kutowinangun Lor, Kecamatan Tingkir, Kitho Solotigo, tigang doso gangsal taun kepengker, saking pasangan alm. Muzayin lan Siti Rohmanah, sak puniko sampun jumeneng dados satunggale pengusaha enem engkang sukses wonten ing kitho Solotigo.
Dumateng beritaglobal.net, rikolo dinten Rebo Legi (12/12/2018) ndalu, Dayat (undang-undangan akrab Muh Nurhidayat-red) nyriosaken pengalamanipun sale ngrinthis usaha sadean rasukan engkang kasebat ‘Omah Branded’.
“Kulo ngrinthis usaha sadean rasukan meniko rikolo tasih bujang, kinten – kinten taun 2009 kepengker. Kanti tekad lan niat kuat, amargi kulo nyambut yotro kalian pacar kulo Sri Winarni (38) utawi mba’ Wiwin, engkang sakmeniko dados ibu saking Muhammad Raffi Fadli Zil Ikram lan Gibran Ramadham Al Hafiz, putro kulo,” ngendikane Dayat kalian mesem.
![]() |
Muh Nur Hidayat rikolo diwawancara beritaglobal.net ono ing Omah Branded |
Dayat ugi nyriosaken menawi jumlah yotro engkang disambut saking mbak Wiwin, sejumlah Rp 2 yuto. Piyambakke ngupadi rasukan saking pabrikan lan lelangan toko – toko gede ing tlatah Ungaran lan Semarang. Sak sampune pikantuk rasukan dagangan, Dayat nyadhe dagangane keliling mlebet – mlebet deso sak kitho Solotigo.
“Wah, riyin kulo nyambut yotro kirang langkung Rp 2 yuto, kalian mbak Wiwin, sejatose yotro meniko badhe damel ragat rabi kalian kulo, njih akhire kulo ngubyek padhos dagangan rasukan wonten pabrik – pabrik engkang damel rasukan, lan rasukan engkang dilelang saking toko – toko swalayan ageng ting kitho Semarang,” ucape Dayat sinambi nyruput sak cangkir teh panas.
Amargi rasukan engkang dipun sade sedanten kagungan merk terkenal, kagungan kualitas engkang sae lan regine mirah, Dayat maringi asmo usahanipun ‘Omah Branded’.
“Asmo Omah Branded puniko kulo pundut, amargi kulo nyade rasukan saking merk terkenal engkang kualitase sae lan regine langkung mirah saking reregan wonten toko ting peken,” criyose Dayat.
Hasil atusan yuto saben sasi sing sak puniko dipun nikmati Dayat lan Mba’ Win, dipun cepeng kanthi keroyo – royo, selami kirang langkung 9 taun sale sagang rasukan. Kapusan kalian rencang usaha, barang dagangan mboten pajeng lan ugi fitnah engkang nate ditampi Dayat lan keluargonipun, nambahi tekad Dayat tansah ngembangaken usahanipun.
Saking sedanten kedadosan engkang sampun dipun alami Dayat, dukungan saking keluargo lan poro rencang, ndadosaken Dayat saget teteg ngembangaken Omah Branded dumugi nampi hasik atusan yuto saben sasinipun.
“Kanggene kulo, dukungan keluargi, rencang – rencang caket kulo, ndadoske kulo kiyat nglampahi sedanten pacoban ngembangaken Omah Branded. Sak meniko njih rejeki engkang kulo tampi dumugi atusan yuto saben sasinipun,” ujaripun Dayat.
Kanthi hasil engkang lumayan ageng, Dayat nggadhahi kekajengan sageto paring manfaat dumateng wargo sak kitaripun, lan umume sageto paring manfaat dumateng Kecamatan Tingkir soho Kitho Solotigo.
“Hasil engkang kulo tampi,sebagianipun badhe kulo ginakaken kagem mbantu sesami, ing sak kitar griyo lan usaha kulo, warga masyarakat Tingkir, lan mugio saget manfaat dateng kitho Solotigo,” ucape Dayat teges.
Rikolo mirsani kahanan Omah Branded, wonten sak setunggale warga Kemiri engkang nembe mirsani macem – macem rasukan engkang dipun pajang wonten Omah Branded, Anik engkang mucal wonten SMP N 9 Solotigo, maringi masukan kagem Omah Branded supados nambahi koleksi merk – merk rasukan.
“Saya sering belanja ke sini karena merk pakaiannya bagus, tapi hanya perlu penambahan varian merk saja agar lebih banyak pilihan,” ujare Anik. (Agus S)
Tinggalkan Balasan