Joss Iki! Mujudake Lan Ngrembakake Imanku Ing Tengahing Masyarakat Pancasila, Tema Misa Natal 2018 Umat Kristiani Jambu

Suasana Misa ono ing Gerejo Santo Thomas Rosul Bedono, Senin (24/12/2018) wengi. (Foto: Dok. Pendim 0714/Salatiga)

Ungaran, beritaglobal.net – Ewonan umat Kristiani Kecamatan Jambu, Kabupaten Semarang, teko ono ing acara Misa Natal 2018 di Gereja Santo Thomas Rasul Bedono ono ing Dalan Raya Ambarawa – Magelang KM 11 Bedono, dino Senin (24/12/2018) wengi.

Misa sing di pandegani karo Pendeta RM. P. Hartono., PR, njupuk tema “Mujudake Lan Ngrembakake Imanku Ing Tengahing Masyarakat Pancasila”.

Ono ing isi ular – ulare, Romo P. Hartono ngaturake, “Allah Rama ingkang mahakuwasa, Panjenengan Dalem sampun nitahaken umat manungsa lan manunggalaken sakbrayat, dados brayat pasamuwan suci kagungan Dalem Gusti.  Panjengan dalem sampun paring tuladha kangge brayat kawula, inggih punika Brayat Minulya ing Nazaret, ingkang tuhu setya dhumateng Penjengan Dalem, lan kebak ing katresnan,Kawula ngaturaken ageng panuwun awit saking tuladha Brayat Minulya saha para brayat ingkang sami sowan ingarsa Dalem dalu punika,” ngendikane Romo P. Hartono marang ewonan jemaat sing melu Misa.

Baca Juga:  Wah Iki! Niat Nglencer Nang Kota Sore - Sore Malah Keno 'Momen'

Saklanjute, Romo P. Hartono, ngaturke, “Pramila, keparenga kawula munjuk Allah Rama ing swarga,kawula ngaturaken panuwun, awit kabingahan ingkang sampun kawula tampi, kanthi miyosipun Sang Timur, Ngaturaken sugeng rawuh, Sang Timur, Mugi rawuh Dalem punika manunggilaken kawula lan anganthi katentreman kangge brayat tiyang sepuh kawula. Kanthi tuladhanipun Brayat Minulya, kawula tansah dipun amping – ampingi tiyang sepuh ngantos kawula diwasa dados pendherek Dalem Gusti, Kawula nyuwun Gusti Yesus Kristus, kawula para putra ngaturaken panuwun Panjenengan Dalem sampun paring nugraha tiyang sepuh,ingkang nggulawethah lan nresanani kula,Kanthi Wiyosan dalem Sang Kristus,kawula langkung nresnani lan ngaosi tiyang sepuh kawula. Kawula nyuwun awit saking rawuh dalem ing alam donya punika,Panjenengan dalem ngantonaken kasok tresnanipun dhateng titah dalem Kawula nyuwun,mugi asih tresna lan katuladhan Ibu Dewi. Allah Hyang Rama ingkang mahakuwasa, Penjenengan Dalem dados sumbering berkah lan kawilujengan kawula,Ingkang tuhu pantes dipun pepuji. Kanthi Wiyosan Dalem Sang Kristus lan tuladha Santo Yusup, ndadosaken kawula para bapak,langkung tangggel jawab menggahing brayat kawula. Mugi kawula tansah ngluberaken asih tresna Dalem dhateng brayat kawula lan damel kabingahaning brayat,” ujare Romo P. Hartono.

Baca Juga:  Polisi Muser - Muser Ngubengi Deso - Deso Sing Ono Pilkades

Ing pungkasane ular – ular, Romo Hartono minuwun, “Kawula nyuwun Allah Hyang Rama ingkang mahasuci, sesarengan Brayat Minulya saking Nazaret, kawula munjuk ingarsa Dalem kangge para Imam, Bruder, Suster, para calon imam, calon bruder lan calon suster. Mugi katentreman ingkang lumuber saking Miyosipan Sang Timur punika ngiyataken tekad nanggapi kanthi setya lan andhap asoring manah timbalan Dalem Gusti. Kanti minunggan kangge para Rama lan para suster ingkang makarya ing Paroki Bedono, mugi tansah kinay oman ing katentreman Dalem Sang Kristus. Kawula nyowun Allah Rama ingkang mahamirah,punika panyuwunan lan sembahyangan umat Dalem ing Paroki Santo Thomas Rasul Bedono. Kawula pitados bilih Gusti karsaa midhangetaken lan ngabulaken panyuwunan kawula punika,” pungkasane ular – ulare Romo Hartono.

Baca Juga:  Joss Iki! Bubar Pilkades Kudu Siap Kerjo Gawe Rakyat, Kerukunan Sing Utomo Mbangun Deso

Misa sing ugo di jogo kanti rapet aparat keamanan seko anggota Koramil 11/Jambu, anggota Polres Semarang, anggota Polsek Jambu, Banser Kecamatan Jambu, anggota Linmas Kecamatan Jambu, relawan Singodono Desa Bedono. (Vitri/WYW)

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Belum ada komentar disini
Jadilah yang pertama berkomentar disini
error: Content is protected !!