Joss Iki! Wargo Dusun Senggrong (Bringin) Nguri – Uri Kabudayan Merti Dusun Kanti Gelar ‘Kirab Budaya’
![]() |
Gunungan seko hasil bumi wargo Dusun Senggrong, Deso/Kecamatan Bringin, Kabupaten Semarang, ono ing acara Kirab Budaya merti dusun, Sebtu (09/02/2019). (Foto: Dok. ist./MNN) |
Ungaran, beritaglobal.net – Sayuk rukun ndadekake entheng samubarang penggawean lan gegayuhan. Koyo sing di tindake wargo Dusun Senggrong, Desa/Kecamatan Bringin, Kabupaten Semarang, sing iso diconto maring wargo dusun liane ono ning tlatah Kabupaten Semarang. Sanajan mendung ngglayut wektu diselenggarakake kirab, nora ngurangi khitmate nggelar acara “Kirab Budoyo – Merti Dusun Senggrong”, Sebtu (09/02/2019).
Kanggo luwih nguri – uri adat tinggalane leluhur, kabeh wargo Dusun Senggrong, nyandang klambi adat arupo beskap lan kebaya, sak jerone ngiring arak – arakkan ‘Gunungan’ sing isine hasil bumi, seko berkahe Gusti kang Murbeng Wenang.
Miturut keterangane Kepala Desa (Kades) Bringin, Zamzuri, yen kirab budoyo kanggo merti Dusun Senggrong wis di uri – uri maneh awit tahun 2017 kepungkur, kanti acara kirab saben taune. Lan ora mung Dusun Senggrong, merti dusun ugo wis di uri – uri, ono Dusun Klopo, Deso Bringin saben taune kawit tahun 2017 kepungkur.
“Merti dusun nganggo kirab budaya, iki wis diselenggarakke kawit tahun 2017 lan tahun 2018. Tahun 2019 niki, gelaran kaping telu. Acara dipaske saben sasi Jowo, Jumadil Awal. Ananging, amargo ing sasi Jumadil Awal iki ora ono dino Senin Kliwon, merti dusun diundur sampe wektu iki,” ujare Zamzuri maring juru warto, ono papan tasyakuran, ono Bale Dusun Senggrong, Sabtu (09/02/2019).
Kades Zamzuri nambahake, yen merti dusun iki nduweni kekarepan tansah nguri – uri utowo nglestarekake tradisi Jowo tilase leluhur, lan terus digawe acara rutin saben taune ono ing tlatah Deso Bringin.
Sak iromo karo Kades Zamzuri, Kepala Dusun (Kadus/Bekel) Senggrong, Amin Hermawan nambahi keterangan, yen acara kirab budoyo iki, wis ditoto kawit 6 sasi kepungkur. Kabeh wargo Dusun Senggrong, sarujuk lan kanti sayuk melu nyengkuyung. Seko 110 Kepala Keluarga (KK) kang ono ing Dusun Senggrong, kabeh sarujuk nggelar ‘Merti Dusun kanti Kirab Budoyo’ sing di arak keliling dusun.
“Intine, acara iki kaleksanan kanggo nglestarekake kabudayan Jawa, kang ditinggalake karo poro leluhur. Gunungan sayuran kang dikirab nglambangake kesuburan, pinuwune kabeh tetanduran wargo biso tukhul subur lan hasile biso mberkahi kabeh wargo, khususe ono ing Dusun Senggrong,” ngendikane Kadus Senggrong, Amin Hermawan.
Kedapuk madegani samubarang acara Kirab Budaya, Kadang Wismono nyampekake, “Tujuan utamane kanggo nguri – uri tradisi Jawa tinggalane leluhur. Ono kurang luwih 500 uwong sing manggon ono Dusun Senggrong, melu ngiring Kirab Budoyo. Kirab budaya iki ugo didukung seko LSM ICI Jateng, BMT ‘Sumber Usaha, Pemerintah Desa (Pemdes) Bringin, BPD Bringin lan PTP IX. Intine, acara iki ora namung kanggo gebyar, sing utomo kanggo nyatokake pirukune wargo Dusun Senggrong, anggone nguri – uri kabudayan/tradisi Jawa. La, puncak acarane mengko wengi (keternagan awan) dihibur musik campursari organ tunggal,” ngendikane Kadang Wismono. (*)
Dilaporno karo kontributor Ungaran: Khoirul Amar
Editor: Khamim
Tinggalkan Balasan