Ngadhepi Ganti Taun, Pemkot Solotigo Mbadum 700 Bingkisan Sembako
- account_circle Redaksi SG
- calendar_month Rab, 12 Des 2018
- comment 0 komentar
Salatiga, Beritaglobal.net – Ora kurang seko 100 wong katon sumpringah sak wise nompo bingkisan abot sing isine sembako, ing kantor Kecamatan Sidorejo, Rebo Legi (12/12/2018). Malah, ono wong wedok tuwo sing bededengan saking ewuhe leh arep nggowo bingkisan arupo bungkusan kerdus kuwi. Banjur deweke lungguh nyelehke bingkisan neng trotoar pinggir dalan. Amargo, ing njero bingkisan kuwi ono beras limang kilo, lengo goreng, gulo pasir, lan liyo liyane sing regane jangkep rongatusewu. Mulo ora maido nek kroso abot tenan nganti bededengan olehe nggowo.
“Kulo nunggu dipethuk jam 10. Sing methuk nggih tukang ojek sing ngeterke kulo mriki wau,” mengkono tuture wong wedok tuwo sing jenenge Muslikah (75) seko Pulutan Kidul.
Deweke rumongso seneng banget tahun iki wis ping pindho nompo bingkisan sembako seko pemerintah Kutho Solotigo.
“Alhamdulillah diparingi bingkisan. Sing angsal bingkisan niki Darmin anak mbarep kulo. Nanging awake semper tekan tangan tengene dadi nggih boten saget mendet piyambak. Nek kulo piyambak mpun angsal dhek arep bodo riyoyo niko” tuture mbah Muslikah.
Bingkisan sing ditompo Muslikah kuwi wis ajeg dilakoni saben ngadhepi bodo riyoyo idul fitri karo ngadhepi genti taun seko pemerintah Kutho Solotigo liwat Dinas Sosial.
“Cacahe sing entuk bingkisan iki ono pitungatus wong seko golongan duafa patang kecamatan lan wong-wong panti. Saben paket bingkisan sing didum neng wargo regane rongatusewu minongko tali asih seko pemerintah sing dipasrahke ambal pindho mben taune,” mengkono ngendikane Kepala Dinas Sosial Solotigo, Rochadi, piyayi kakung kang kandel brengose koyo werkudoro.
Walikota Solotigo H. Yuliyanto, S.E., M.M., disandingi Camat, Kapolsek lan Danramil Sidorejo mgawiwiti masrahake bingkisan ono ing njero aula kantor Kecamatan Sidorejo minongko tondo pasrah lan tompo 700 bingkisan wis iso dilaksanakake. (Khamim)
- Penulis: Redaksi SG
Saat ini belum ada komentar