Polisi Muser – Muser Ngubengi Deso – Deso Sing Ono Pilkades

Salah sijine anggota Polres Semarang Polda Jateng, nekani omah salah sijine calon Kades, Kemis (06/12/2018) wengi. (Foto: Dok. Humas)

Ungaran, beritaglobal.net – Jajaran Polres Semarang Polda Jawa Tengah, muser – muser nekani deso – deso, nyedaki wektu pilihan kepala desa ono ning sebagian daerah ono Kabupaten Semarang, Jumuah (07/12/2018).

Bareng karo soyo akehe prakaryan wargo sing desone kelebu deso sing njalanke pilihan Kades, dikuatirake yen ono gangguan keamanan lan ketertiban ning masyarakat. Contone, bekenengan wargo sing podo nyengkuyung salah sijine calon Kades, utowo mundake tumindak julig ono ning Wilayah Kabupaten Semarang.

Baca Juga:  Tingkatkan Soliditas Dan Sinergitas, Polres Salatiga Gelar Olahraga Bersama

Nindakki dawuh soko Kapolres Semarang AKBP Adi Sumirat, S.I.K., M.H., M.M., sing ndawuhake kabeh jajaran Polres Semarang terus muser – muser lan nekani tiap – tiap deso, kanti ngawasi bagian – bagian penting sing ono ning deso, semono ugo omah – omah wargo.

Baca Juga:  Polresta Malang Kota Perkuat Pengamanan Pilkada 2024, Personel Siap Kawal Ketua KPU, Bawaslu, dan Paslon

Sak jerone nekani deso – deso, anggota polisi dijaluk menehi pemahaman nang warga deso, supoyo luwih waspodo, trus nglaporake nang kantor Polisi sing paling cedak, yen ono ontran – ontran poro wargo sing nyengkuyung calon Kades, utowo tumindak culiko liyane.

Baca Juga:  Sinergi Lawan Narkoba: Kalapas Narkotika Pematangsiantar dan Kepala BNNK Simalungun Perkuat Kolaborasi melalui Perjanjian Kerja Sama

Kanti ono Polisi sing tansah ono ing tengah – tengah wargo, mugo – mugo benthik antarane poro wargo sing nyengkuyung calon Kades iso dihindari, utamane ono ing wayah wengi, wektu ono jagongan ono ing omah calon – calon Kades. (ABU/KHM)

Penulis: Arie Budi
Sing Nggubah: Khamim

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Belum ada komentar disini
Jadilah yang pertama berkomentar disini
error: Content is protected !!