Rodo Ora Beres, Bangunan Bendungan Rp 107 Miliar Progopistan Akeh Sing Bocor
![]() |
Bangunan Bendungan Progopistan, ono ing tlatah Kabupaten Temanggung. (Foto: Dok. ist/RTM) |
Temanggung, beritaglobal.net – Lagi genep 2 sasi, Bendungan Progopistan diserahno maring Balai Besar Wilayah Sungai Serayu Opak (BBWSSO), kanti anggaran sing ora sethitik, kurang luwih ngenthekno duite negoro 107 miliar rupiah. Ananging, mutu bangunan dirasakno karo wargo sak kitare bendungan rodo ora beres.
Penemune wargo masyarakat sak sekitare bendungan, amargo bangunan bendungan anyar, nanging wis ditemokno akeh rembesan lan banyu mili ono ing betengane bendungan.
Seko plang proyek Bendungan Progopistan, dingerteni yen bendungan dibangun nganggo duit ABPN tahun anggaran 2016 tekan tahun 2018, kurang luwih Rp 107 miliar. Kontraktor penggarape PT. Perumahan Pembangunan (PP), sing manggon ono ing kutho Jakarta, lan penasehat proyek PT. Virama Karya.
Kanti anane akeh rembesan banyu lan bocore tembok bendungan, wargo masyarakat mbijeni menowo, olehe mbangun bendungan Progopistan, dikerjakno asal dadi bentuk bendungan, tanpo mikirno mutu bangunan. Sak liyane tembok sing wis ngrembes banyu, pondasi bendungan ugo dibiji wargo rodo ora pas karo aturan. Ono ing pintu bendungan ugo wis ditemokakake kebocoran.
Wargo masyarakat sekitar bendungan kuatir yen bendungan sing lagi wae dibangun iso jebol rikolo ora kuat nampung banyu udan sing akhir – akhir iki, rada duwur curahe.
Rikolo ditemoni wartawan, Juwaedi sing ditugaske dadi PPK Irigasi lan Rawa II Bendungan Progopistan seko BBWS SO, ngakoni menowo sak dowone tembok saluran banyu irigasi, akeh sing bocor, amargo tembok sing wis podo retak – retak. Ananging Juwedi, ngendikakake menowo, kontraktor isih nduweni kewajiban, ndandani sak suwene 300 dino seko wektu proyek diserahno.
“Rekanan masih ada waktu 300 hari kalender atau 10 bulan untuk memperbaiki yang bocor atau yang rembes. Karena rekanan masih ada anggaran yang kita tahan senilai 5% dari total anggaran 107 miliar, 95 % sudah kita serahkan. 5% kita tahan sebagai jaminan pemeliharaan,” ngendikane Juwaedi nganggo bahasa Indonesia, wektu ditakoni beritaglobal.net, ono ing lokasi, Rebo (06/02/2019) awan.
![]() |
Juwaedi sing dadi PPK Irigasi lan Rawa II Bendungan Progopistan seko BBWS SO. |
Bendungan Progopistan nggunakno anggaran tahun berjenjang (multi years) seko APBN murni tahun 2016 tekan tahun 2018. Lan rikolo tanggal 11 Desember 2018 kepungkur, bendungan rampung digarap karo kontraktor lan diserahno maring BBWS SO.
“Desember 2018 semua pengerjaannya sudah selesai, progesnya sudah tuntas, tinggal penyerahan ke Provinsi setelah masa pemeliharaan selesai. Kalau untuk kualitas dan kuantintas sudah sesuai dengan spek perencanaan, jadi tidak usah ragu lagi,” ujare Juwaedi.
Bendungan Progopistan dibangun kanggo nyukupi banyu sawah sing ono ing wilayah Kecamatan Jumo, Kecamatan Kandangan, Kecamatan Gemawang lan sebagian Kecamatan Kaloran, kanti ombone lahan sawah sing bakal di ileni banyu kurang luwih 1.108 hektar.
“Dengan adanya Bendungan Progopistan ini diharapkan dapat membantu petani untuk memperlancar pengairan ke sawah mereka hingga ke pelosok desa,” tutupe atur Juwaedi. (*)
Dilaporno kontributor Temanggung: Ratmaningsih
Editor: Khamim/Agus S
Tinggalkan Balasan