Saloka Themepark Panggonan Plesiran Paling Joss Sak Jawa Tengah
![]() |
Wahana komidi putar Cakrawala, andalan Saloka Themepark. (Foto: Dok. Istimewa) |
Ungaran, beritaglobal.net – Saloka Themepark sing dibangun ing tlatah Deso Lopait, Kecamatan Tuntang, penere ing dalan Fatmawati Tuntang, bakal nganakne ‘soft opening’ mbesuk dino Sebtu Wage tanggal 15 Desember 2018. Ing wektu kui, serangkaian acara wis digelar wiwit tanggal 09 Desember 2018 kepungkur.
Saloka dewe nduweni 25 wahana sing dibangun ing sakduwure lahan 17,2 hektar kurang luwihe. Wahana – wahana kui diteka’ake langsung soko luar negeri lan uwis diuji genep ping 3 ing Saloka, dadi ojo sumelang, aman yow gaes.
Tiket mlebune yo ora larang lho gaes, gur Rp 120 ewu pendak dino Senen – Jumat. Lan Rp 150 ewu pendak dino Sebtu – Minggu, tiket kui wis kalebu tiket gratis mlebu wahana sing ono ing sak jroning Saloka, dadi mbayar pisan seneng sak jempormu, opo ora puinuk kui. Tambah meneh tekan tanggal 30 Desember 2018 oleh diskon 20%. Kaya ujare mbak Ika, PR e Saloka sing ayu kinyis – kinyis marang beritaglobal.net.
“Khusus bulan Desember 2018, ini Saloka memberikan diskon sebesar 20%. Jadi untuk hari Senin – Jumat tiket hanya Rp 96 ribu, sedang untuk weekend tiket cuma Rp 120 ribu. Dan itu sudah murah sekali karena pengunjung hanya membayar sekali dan bisa memasuki semua wahana yang kita punya,” ujare Mbak Ika.
Salah siji wahana sing dadi jago neng Saloka jenenge Cakrawala. Wahana komidi putar iki kurang luwih 33 m duwure. Dadi nak sing keder marang panggonan duwur mending ojo katut munggah Cakrawala tinimbang kepuyuh – puyuh neng nduwur. Hananging amargo duwur kui mulo iso do nonton kaelokane pemandangan Rawa Pening, sawah sing ijo royo – royo, Gunung Merbabu, Gunung Telomoyo, Gunung Sindoro – Sumbing lan sak piturute. Opo meneh yen numpake karo calon bojone, wis mesti langsung krentek pengen ndang nglamar neng nduwur kono. Anggere ojo karo bojone tonggone wae yo gaes, mundak tambah cenut – cenut sirahe. (VIP/FMA)
Tinggalkan Balasan