SIROXI Salatiga, Sikil Rodo Kiyeng Duwe Semboyan ‘Pantang Pulang Sebelum Madhang’

Anggota Siroxi Salatiga sing bubar ngonthel muter Salatiga, Ungaran, Demak, ngleyeh ono ing ngisor wit ringin pojok Lapangan Pancasila Solotigo, Rebo Pon (19/12/2018)

Salatiga, beritaglobal.net – Siroxi alias Sikil Rodo Kiyeng kui salah sawijining klub onthel sing ono ing tlatah Salatiga. Anggota Siroxi dalah dino iki ono sekitaran 17 uwong sing wis podo sepuhe, kon ora sepuh piye lha wong paling enom wae umur 60 taun. Anggota Siroxi sing kasebar ono ing tlatah Kabupaten Semarang lan Kota Salatiga  kui pendhak dino Rebo karo Sabtu mesti nganakne sepeda santai lintas kuto. Kaya tho sing dilakoni ing dino Rebo Pon (19/12/2018). Poro piyantun sepuh Siroxi lagi wae klinongan ngonthel sepeda seko tlatah Ngobo Ungaran nglewati Watu Gajah mbablas ing Gondorio banjur lewat Pringapus ugo lewat ngarep Kanindo lanjut tekan Lapangan Pancasila kutho Salatiga. Sak liyane jelajah Salatiga lan sekitare, Siroxi ugo nate jelajah Semarang, Solo, Dieng lan Denpasar. Nyepeda sak deglenge pokokmen ki, angger awak isih kuat nyepeda sak matine.

Baca Juga:  Wujudkan Kota Salatiga Zero Knalpot Brong, Ini Yang Dilakukan Satlantas Polres Salatiga

Salah sawijining coro anggota Siroxi iki tetep bugar lan kuat nyepeda sanajan wis sepuh jebul gur sepele. Miturut pituture bopo Agus Hasto (61) marang beritaglobal.net, rahasiane gur ngguyu gegojekkan, uwis ngono thok, ora aneh – aneh lan ora neko – neko.

“Syarate gur siji mas. Sing penting pit – pitan karo gojek. Anggota Siroxi ki ora oleh nesu mas. Nak nesu wis kono mulih wae. Selain kui olah raga ki yo marai sehat mas. Nak ra tau olah raga tuo ne ngene iki mesti lak nglemprek, sithik – sithik ndredeg buyuten (thremor), nak wis ngono kui sdelok ngkas stroke mas..mas,” ujare bopo Hasto sinambi ngguyu cekakak an.

Baca Juga:  Dua Akustik Asal Salatiga Getarkan Saloka Hoki - Hoki
86 Ndan! Moto ing lengen kaos seragam Siroxi Salatiga

Disinggung babakan misi Siroxi anggone gegawe kelompok bersepeda, bopo Hasto weweh jawaban sing rodo nyleneh.

“Misine sederhana wae mas. Pisan nak ono pemandangan apik yo mandek sik foto. Kaping pindo, awak e dewe kui lak wong lanang tho mas. Wong lanang kui mas nak ora pit-pitan, ora udud, ora ngopi, ono wong wadon ora suit-suit lha ngopo urip. Nak pas pit-pitan ki yo sing di sawang yo wong wadon. Neng gur nyawang thok lho mas, paling yo gur suit-suit thok kui mas,” ngendikane bopo Hasto cengengesan.

Baca Juga:  Jembatan Gabus di Randuacir Salatiga Ambrol Akibat Diterjang Banjir, Satu Korban Tewas

Bopo Hasto ugo ngendiko paweh pangarep arep tumrap pemerintah babakan olah raga nyepeda sing saiki digandrungi masyarakat umum. Pangarep arepe gur sepele, miturut bopo Hasto, Pemerintah kudu iso njagani sportifitas sumber daya manungsone.

“Nak akal lan pikiranne awake dewe sehat lak ora bakalan korupsi mas. Wis ngono thok wae ora usah aneh – aneh,” tutupe atur bopo Hasto. (Agus S/Red)

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Belum ada komentar disini
Jadilah yang pertama berkomentar disini
error: Content is protected !!