Wah Iki! Mak Bres, Mak Regudhuk, 4 Wong Pacitan Kurugan Lemah Jugrug
![]() |
Proses nylametake korban kejugrugan lemah ono ing Dusun Jambu, Deso Sidomulyo, Kecamatan Kebonagung, Pacitan, Sebtu Pahing (08/12/2018). (Foto. Koleksi BNPB) |
Pacitan, Beritaglobal.net – Udan duweres sing nggrujug tlatah Pacitan, Jawa Timur Jumat bengi (07/12/2018) wingi, marakke banyune kali mbludak lan lemahe jugrug. Krono songko kedadenan kuwi, paling ora ono 236 wong sing kepekso ngungsi lan ono wong papat kelangan nyowo kependem lemah jugrug.
Koyo dene sing dikandakno Kepala Pusat Data Informasi lan Humas BNPB, Sutopo Purwo Negoro, ning beritaglobal.net, Sabtu (08/12/2018) sore, udan deres nggrujug papan Kecamatan Kebonagung, Kabupaten Pacitan sak moh-mohe, sekirane jam 20.30 WIB. Udan duweres kuwi marakke benone kali sing banyune mbludak tekan omahe wargo deso Purwosari, Kayen lan Kebonagung ing Kecamatan Kebonagung.
Miturut cathetan sing mlebu neng Badan Nasional Penanganan Bencana (BNPB), wargo sing ngungsi neng panggonan luwih duwur, yoiku 217 wong seko dusun Jelok, Deso Kayen, Kecamatan Kebonagung, 4 wong wargo Dusun Wetih, Deso Purwoasri, Kecamatan Kebonagung, 3 wong Dusun Krajan, Deso Sirnoboyo, Kecamatan Pacitan lan 12 wong seko Dusun Jambu, Deso Sidomulyo, Kecamatan Kebonagung ngungsi neng balai Deso Sidomulyo.
Sak wetoro iki, iseh ono papat wong maneh sing tekan dino Sabtu iseh digoleki sangkan parane amargo kurugan lemah jugrug ing Dusun Jambu, Deso Sidomulyo. “Identitas warga yang hilang adalah atas nama Misgiman (L/62), Sogirah (P/46), Bogiyem (P/72) dan Katinem (P/58) yang masih dilakukan upaya evakuasi akibat tertimbun tanah longsor,” jare Sutopo.
Kanggo ngadepi kahanan darurat, BPBD Pacitan nyiagakake rongatusan wadyo bolo seko TNI, Polri, Basarnas, Babinsa Babinkamtibmas, Tagana, Dinkes, Dinsos, Banser, potensi SAR lan liyo liyane.
“Sesuai arahan Bapak Gubernur, Kalaksa BPBD Provinsi Jatim segera menuju lokasi ke Kabupaten Pacitan mengirimkan bantuan berupa Personil Tim Reaksi Cepat BPBD 10 orang, makanan siap saji 300 kaleng, glangsing 2.000 lembar, alat kebersihan, baju layak pakai, beras dan mi Instan,” ngendikane Sutopo Purwo Nugroho. (Khamim)
Sumber: BNPB
Tinggalkan Balasan