Wah Iki! Bingung Urip Dewe Mbok Rondo Nekat Ngendhat
![]() |
Proses jenasah korban diprikso tim dokter Puskesmas Pakis dr. Mikael lan aparat Kepolisian seko Polsek Pakis, Polres Magelang, Polda Jateng, Rebo (06/02/2019). (Foto: Dok. Polsek Pakis) |
Magelang, beritaglobal.net – Wis suwe urep dewekkan lan di dakwo karo sanak tonggo dadi wong sing kurang ganep pikire, ndadekake Rondiyah (60), nekat nglalu kanti coro ngendhat (gantung diri-red).
Korban, dikonangi salah sijine tonggo, sing aran Bejo (61), weruh korban gemeyong ono ning pang wit Apokat, persis ono ing pereng tegalan. Nggantung nganggo tali dadung plastik werno biru, kiro – kiro tabuh 2 awan, Rebo (06/02/2019).
Ono ing panggonan kepisah, tonggo omah korban ono ing Dusun Bono RT 04 RW 02, Deso Kajangkoso, Kecamatan Pakis, Kabupaten Magelang, kang aran Tukinah (45), ngaturke menowo dino Rebo (06/02/2019), isuk kiro – kiro tabuh 8, korban menyang tagalan nggowo tali dadung (tambang plastik-red).
“Kulo semerap kiyambakke (korban Rondiyah-red), mbekto tali dadung, rikolo wingi enjing kulo tangleti, sale njawab namung ajeng nginguk tegalan,” ujare Tukinah rikolo ditemoni beritaglobal.net.
Kapolsek Pakis Polres Magelang Polda Jateng AKP Sukirman, S.H., rikolo diwawancara wartawan nerangake yen bener ono salah sijine wargo Dusun Bono sing ditemokke mati kanti coro ngendhat.
“Betul, atas nama Rondiyah (60), pekerjaan tani beralamat di Dusun Bono, ditemukan warga dalam kondisi meninggal dunia dalam posisi gantung diri,” ujare AKP Sukirman, S.H., maring wartawan nganggo bahasa Indonesia.
Ditambahno Kapolsek Pakis, yen anggotane nompo laporan seko pamong Deso Kejangkoso. Lan cepet – cepet marani papan panggonan korban nglalu, bareng karo petugas seko Puskesmas Pakis.
“Setelah kami mendapatkan laporan, kemudian bersama anggota dan petugas dari Puskesmas Pakis, mendatangi lokasi untuk melakukan olah TKP dan memeriksa badan korban oleh Petugas Medis,” tambahe AKP Sukirman.
“Dalam olah TKP, kami temukan korban gantung diri dengan menggunakan tali tambang warna biru yang menjerat lehernya, tali diikatkan ke pohon Alpukat panjang 90 cm, sedangkan jarak kaki korban dengan tanah 30 cm lalu tinggi perengan 1,8 m dan pohon alpukat berdiameter 35 cm serta untuk tinggi badan korban 150 cm dengan berat 50 kg,” imbuhe keternagan Kapolsek.
Petugas Medis seko Puskesmas Pakis ya iku dr. Mikael (50), maring beritaglobal.net, njelasake menowo seko hasil mrikso awak korban, ditemokke kondisi yen korban nggeget ilat lan ilate mulur metu seko tutuk, ono tatu tilas tali tambang ono ing gulu korban, ono geseng khas mayit oni ing geger korban lan korban kondisi mbuang rereget seko wetenge.
Nambahi keterangane, dr. Mikael, nyampeake, “Diperkirakno korban wis meninggal luwih seko 8 jam lan ora sitemokno tondo – tondo di anioyo,” imbuhe dr. Mikael.
Ing pungkase tutur, Kapolsek Pakis AKP Sukirman, ngendikakake menowo sak rampunge olah TKP lan mrikso awak korban, jenasah korban diserahno menyang keluargane kanti diwakili Kades Kejangkoso Slamet (49), kanggo lanjutke upacara layon.
“Korban kita serahkan kepada pihak keluarga yang diwakili oleh Kepala Desa Kajangkoso, Slamet (49) untuk dimakamkan,” pungkas Sukirman. (*)
Dilaporno kontributor Magelang: Eko Triyono
Diedit: Fera Marita
Tinggalkan Balasan