Bocah – Bocah SMK Tarunatama Getasan Bungah Banget Nonton Pameran Alutsista
![]() |
Serda Pujiono njelaske fungsi lan carane gunakke alat perang Minimi, nang ngarep Siswo/wi SMK Tarunatama Getasan ono ing Pameran Alutsista TNI AD, Jumat (07/12/2018). (Foto: Dok. Istimewa) |
Ungaran, Beritaglobal.net – Kanggo mengeti perang ono ing palagan Ambarawa, sing nate dilakoni poro prajurit Tentara Nasional Indonesia (TNI) Angkatan Darat (AD) khususe infanteri rikolo ngrebut kemerdekaan soko penjajah Walondo, tanggal 15 Desember, di pestekke dadi dino sejarah sing diarani Hari Juang Kartika (HJK).
Tahun 2018 iki, Kodam IV/Diponegoro mengeti HJK kanti meriah, lan salah siji acarane mamerke kekuatan senjata sing di duweni TNI AD, khususe sing di papanke ono ing Kodam IV/Diponegoro.
Pameran kekuatan senjata TNI AD ono ing Lapangan Panglima Besar Jenderal Sudirman Ambarawa, sing wis resmi dibuka Pangdam IV/Diponegoro, sing diwakili Komandan Korem (Danrem) 073/Makutarama. Pameran Alat Utama Sistem Persenjataan (Alutsista), digelar mulai tanggal 07 tekan 16 Desember 2018.
Seko informasi Komandan Koramil 03/Getasan Kapten Inf Hermanus sing di tompo beritaglobal.net, Jumat (07/12/2018) awan, disebutno yen bocah – bocah seko SMK Tarunatama Getasan sing didampingi karo Serda Pujiono, ketok bungah sak suwene nonton koleksi persenjataan TNI AD.
Siswo/Siswi seko SMK Tarunatama Getasan, nyawang kanti tenanan penjelasan Serda Pujiono, kabeh peranti perang mulai seko sifat lan fungsine senjata tekan penjelasan carane nggunakke bedil Minimi.
Poro siswo SMK Tarunatama Getasan, yo ono sing motret awakke dewe (selfi) lan motret kanca – kancane. Ono sing lungguh nggaya nang nduwur Tank, Truk, Jeep, lan ugo ono sing nggaya foto pas nyekel bedhil.
Pas diajak keliling nonton persenjataan TNI AD, contone Tank Meriam Ceasar 155, Tank Marder, kendaran sing gawe jinake bahan peledak (Jihandak), kendaraan perang Anoa, Tank Scorpion, Helicopter perang Apache, Heli Mi-35 P, lan alat perang liyane duwekke TNI AD.
Nang selone nonton pameran, ono siswo sing wis kebayang pingin mlebu dadi prajurit TNI.
“Aku sak konco dadi pelajar dadi bangga iso melu ngguyupi HJK tahun 2018, lan melu ndelok pameran Alutsista. Dadi ngerti sistem alat perang TNI AD, lan bangga karo Bapak – Bapak TNI AD sing wis lilo ngorbanke jiwo rogo kanggo njogo kedaulatan Negara Kesatuan Republik Indonesia (NKRI). Suk yen lulus mas, aku pengen dadi prajurit TNI,” ujar Rian, salah sijine siswo seko SMK Tarunatama Getasan.
Onone poro siswo/siswi SMK Tarunatama Getasan diajak nonton pameran Alutsista iki, ora liyo kanggo nyadarke lan mbangun roso bangga poro siswo sing bakale dadi penerus perjuangan negakke NKRI. Sak liyane kui, dingendikake Kapten Inf Hermanus yen Pameran Alat Perang TNI AD iki ugo gawe njumbuhake arti pentinge TNI cedak karo rakyat, bareng – bareng nyengkuyung, njogo ketentreman lan keutuhane NKRI.
“Semua ini adalah tentang arti pentingnya kedekatan TNI dengan masyarakat, yang bersama – sama menjaga keamanan dan ketahanan negara kesatuan repubik Indonesia,” ditegeske Kapten Inf Hermanus nganggo bahasa Indonesia. (Agus Subekti)
Sing nggubah: Khamim
Tinggalkan Balasan