Punggowo omah tahanan kelas 2 Salatiga wektu macakke poro pesakitan sing oleh remisi dino Natal 2018, Selasa (25/12/2018). (Foto: Dok. Humas)

Salatiga, beritaglobal.net – Minongko mrengeti dino Natal 2018, omah tahanan kelas 2 Salatiga ngeculno wong papat sing wis sak wetoro mlebu ing pakunjaran. Wong papat kuwi entuk remisi ucul kanthi coro cuti bersyarat (CB) lan pembebasan bersyarat (PB). Sak liyane kuwi, iseh ono wong papat maneh sing entuk pangentheng-entheng ukuman sing cacah remisine warno – warno.

Baca Juga:  Peringati HUT Koperasi, Darmin: "Reforma Agraria dan Perhutanan Sosial ada dalam kebijakan pemerataan ekonomi"

Ganjaran remisi kuwi diwenehke ono ing upocoro remisi Natal sing dianakne karo Rumah Tahanan (Rutan) Salatiga, Seloso (25/12/2018) esuk sing dipandegani marang punggawane Rutan Salatiga Hero Sulistiyono.

“Remisi hari natal merupakan hak para warga binaan yang khususnya beragama Kristen dan Katolik. Pada tahun 2018 ini, sebanyak delapan warga binaan kami tercatat mendapatkan remisi tersebut,” ngendikane Hero.

Baca Juga:  Babinsa Madukara Bersama Warga Binaan Panen Kacang Tanah

Ing upocoro kuwi mau, Hero ugo menehi surungan marang kabeh wong binaan magayutan karo ganjaran remisi. Miturut Hero, kabeh wargo binaan sing nyukupi syarat bakal entuk remisi saben tahune.

Sak wetoro kuwi, Humas Rutan Salatiga, Nuryadi marang juru tulis beritaglobal.net  ngandakake, menowo wong wolu sing entuk remisi kuwi ono sing entuk pangentheng 15 dino lan ono sing entuk pangentheng sesasi.

Baca Juga:  Ayunkan - Ayunkan Pedang di Jalan Bikin Resah Warga, Seorang Mahasiswa di Magelang Diamankan Warga dan Polisi

“Ada empat orang yang mendapatkan remisi 15 hari dan empat orang lainnta mendapat remisi satu bulan. Ada juga yang mendapatkan 1 bulan sebanyak 4 orang. Dari pemberian remisi ini, empat orang telah dinyatakan bebas melalui pemberian CB dan PB,” kandane Nuryadi. (Khamim/Red)