Wah Iki! Polisi Blusukan Pasar
![]() |
Blusukan pasar jajaran Polsek Tuntang Polres Semarang Polda Jawa Tengah sing dipandegani Kanit Reskrim Polsek Tuntang, ono ing Pasar Gedangan, Rebo Legi (12/12/2018). |
Ungaran, beritaglobal.net – Njagani mindakke reregan bahan pangan ngadepi peringatan Hari Natal 2018 lan taun baru 2019, jajaran Polsek Tuntang Polres Semarang Polda Jawa Tengah, sregep blusukan pasar.
Dingendikakake Kasubbag Humas Polres Semarang AKP Teguh Susilo Hadi, ning beritaglobal.net, Rebo Legi (12/12/2018), kegiatan blusukan pasa saking jajaran Polsek Tuntang, dipunpandegani kalian Kanit Reskrim Polsek Tuntang Polres Semarang Polda Jawa Tengah, sesarengan kalian anggotanipun.
“Peken engkang dipun awat – awati dinten puniko antawisipun Peken Gedangan, Kecamatan Tuntang,” ngendikane AKP Teguh.
Wonten ing wekdal ngawat – awati reregan bahan pangan, Kanit Reskrim Polsek Tuntang lan anggotanipun, ugi mirsani kawontenan jumlah bahan pangan, wonten engkang dipun tando punopo mboten.
Dilajengaken kalian AKP Teguh, “Praktek nando barang sak derenge Hari Natal lan taun baru 2019, saget ngrugekake masyarakat sing mbutuhake bahan pangan kanggo mengeti hari Natal 2018, amargo yen barang wis longko mesti reregan diundakake,” ujaripun AKP Teguh.
Sak iromo kalian AKP Teguh, Kapolsek Tuntang AKP K. Susanto, ngaturake mbok bilih bibar kegiatan tilik peken saking jajaranipun, pikantuk laporan menawi reregan bahan pangan dereng wonten keundakkan.
“Kami dari Polsek Tuntang akan terus melakukan pengecekan dan pengawasan harga sembako di pasar wilayah Kecamatan Tuntang, untuk mengantisipasi dampak – dampak negatif yang mungkin akan berpengaruh pada situasi kamtibmas,” ngendikane AKP K Susanto. (Vitri)
Tinggalkan Balasan