Joss Iki! Bubar Pilkades Kudu Siap Kerjo Gawe Rakyat, Kerukunan Sing Utomo Mbangun Deso
![]() |
Abdul Azis lan Rahayu Widhik Asmarawati, calon Kades kang kepilih ing Deso Pabelan, Kecamatan Pabelan, Kabupaten Semarang. |
Ungaran, Beritaglobal.net – Proses pemilihan kepala desa (Pilkades) ono ing sebagian wilayah Kabupaten Semarang, wis paripurno ono ing dino Minggu Pon (09/12/2018) kepungkur.
Akeh calon Kades sing kepilih ngemban amanate masyarakat, ning wektu nyalon sing pertama kali. Semono ugo, akeh Kades sing diwenehi amanat rakyat, kanggo mimpin kemajuan desone ono ing mongso kepindo utowo ketelu kepemimpinane.
Salah sijine calon Kades sing kepilih yoiku Abdul Azis, Kades kepilih soko tlatah Deso Pabelan, Kecamatan Pabelan, Kabupaten Semarang. Ditemoni beritaglobal.net ono omah keprabone, Abdul Azis (35) sing didampingi karo garwo kinasihe Rahayu Widhik Asmarawati (33), katon sayah namung bungah, iso kepilih warga dadi Kades Pabelan.
“Njih kulo, rumaos remen saget diparingi amanah saking warga Deso Pabelan, kulo aturke gunge samudro pangaksami, dumateng sedanten tim sukses, warga Deso Pabelan engkang sampun kerso nyengkuyung, kekajengan kulo, sesarengan langkung damel sae Deso Pabelan,” ujare Abdul Azis.
Abdul Azis didampingi garwane, ugo ngarepake yen warga Pabelan mbalik sayuk rukun maneh, nyatu agawe Deso Pabelan tambah maju, soho ngucapake pangapuro karo calon liyane sing durung diwenehi amanah soko masyarakat Deso Pabelan.
“Kawulo sak garwo, ngaturaken sedanten lepat, dumateng calon Kades engkang sareng – sareng nderek Pilkades, mbok bilih wonten klenta klentune atur lan tumindak selami pelaksanaan Pilkades,” pinuwune Abdul Azis lan garwane.
Sak iromo karo Abdul Azis, Asmarawati ngaturake siap melu mbina perkembangan kegiatan ibu – ibu kader PKK.
“Sak bibar pelantikan, kulo sampun siap nyengkuyung garwo kulo damel ngembangaken kegiatan ibu – ibu Kader PKK ono ing Deso Pabelan, meniko,” ujare Asmarawati.
![]() |
Zamsari, calon Kades kepilih Deso Pada’an, Kecamatan Pabelan, Kabupaten Semarang. |
Ora bedo karo Abdul Azis, Zamsari calon Kades soko tlatah Deso Pada’an, Kecamatan Pabelan, sing ugo isih kepetung Kades Petahana, ngarepake wargo Deso Pada’an, mbalik guyub rukun lan mbangun Deso Pada’an sing luwih apik maneh. Zamsari, dadi calon Kades sing diwenehi amanah kaping pindo mimpin wargo Deso Pada’an.
“Kulo nyuwun, sedanten warga lan tokoh masyarakat engkang kolo wingi radi emosional selami proses Pilkades, mantuk guyub rukun malih, kagem mbangun Deso Pada’an, kersane Deso Pada’an langkung maju, gemah ripah loh jinawi,” ujare Zamsari cekak aos, rikolo ditemoni beritaglobal.net ono ing papan panggonane.
Ono sing anyar bloko, ono sing wis njabat ping pindo, tapi yo ono sing amargo prestasine maring desone, Kades Petahana sing nyalon maneh kepilih kaping telu terus – terusan.
Rohmad, calon Kades seko tlatah Deso Sraten, Kecamatan Tuntang, Kabupaten Semarang, dipercoyo wargo Deso Sraten, mimpin pembangunan Deso Sraten kaping telu kanggo periode taun 2019 tekan taun 2025.
Ono ing angene Rohmad, ing periode akhir jabatane, dewekke arep luwih ningkatno kemajuan panguripane wargo Deso Sraten, koyo contone nambahi dana kanggo nggedekke usaha sing dirintis seko omah, nambahi jumlah ternak sing di ingoni wargo Sraten.
“Ono ing periode akhir jabatan Kades meniko, kulo ajeng musatke pengembangan panguripan wargo Deso Sraten, seko usaha omahan. Nambahi bibit ternak sing wis di ingoni wargo Sraten. Amargi, sale kito sedoyo mbangun sarono pembangunan kados margi, talut, lan sarono ngibadah, sampun sak untawis jangkep. Wekdal meniko kantun pripun carane, nambahi maju panguripane wargo Deso Sraten,” ujare Rohmad mantep. (Agus Subekti)
Tinggalkan Balasan