Joss Iki! Mengeti HJK 2018 Koramil 09/Ambarowo Mbiyantu Warga Mbangun RTLH

Babinsa Koramil 09/Ambarowo, sesarengan wargo RT 07 RW 07 Kelurahan Baran, Kecamatan Ambarowo, sambatan mbangun RTLH, Seloso Kliwon (12/12/2018). (Foto: Dok. Pendim 0714/Salatiga)

Ungaran, beritaglobal.net – Anggota Koramil 09/Ambarowo ngleksanakaken gotong royong kalian warga saklingkunganipun mbiyantu pembangunan Rehap Rumah Tidak Layak Huni (RTLH) kagunganipun Ibu Pariyah, wonten ing desa Baran Gunung RT 07 RW 07, Kelurahan Baran, Kecamatan Ambarowo, Kabupaten Semarang ing dinten Selasa,  (12/12) dinten menika.

Ibu Paryah, salah setunggalipun warga ingkang kirang mampu ugi pikantuk rehap griya saking Kodim 0714/Salatiga.

Baca Juga:  Jawab Tantangan Tugas Pusinfolahta TNI, Askomlek Panglima TNI : Integrasi Data dan Sistem Informasi TNI Sangat Penting

“Bantuan arupi dana menika, dipun paringaken saking Kodim 0714/ Salatiga handadosno bukti merhatekaken betahipun warga, khususipun papan panggenan ingkang layak, supados sagedo pantes kados standar gesang ingkang layak, inggih layak sandang ugi papan,” kados ngendikanipun Danramil.

Nanging semanten, dana menika, mboten saged hanyekapi damel mbagun griya, namung saged damel mundut material. Pamila, kita hanggadhahi pangarep – arep dumateng peran serta saking Babinsa lan warga sekitaripun supados nderek nyengkuyung, nderek gotong royong mbiyantu proses pembamgunan ingkang dipun gilir.

Baca Juga:  Kapolres Semarang Larang Pelaku Wisata dan Hotel Gelar Pesta Kembang Api Jelang Tahun Baru

Ibu Paryah ugi ngaturaken matur sembah nyuwun dhumateng Babinsa ingkang sampun peduli ugi nglilakaken wekdalipun sareh mbiyantu rehap Rumah Tidak Layak Huni (RTLH) menika, amargi kanthi rawuhipun Babinsa lan warga sekitar handadosna tambahing semangat makarya.

Wonten ing senggangin wekdal, Danramil 09/Ambarowo Kapten Arh. Sunaryo ngendika, bilih bantuan menika dipun gadhang sagedo ningkataken kesehatan lan kesejahteraan warga.

“Mugi sagedo maringi manfaat ingkang kalangkung dhateng ingkang manggeni. Kanthi kegiyatan menikadipun arepaken saged mupuk raos pasederekan wonten lingkungan masyarakat.
Harapan Babinsa supados ampun ngantos wonten penurunan minat masyarakat ing babagan kerjasama lan gotong – royong,” ujare Kapten Arh. Sunaryo.

Baca Juga:  Wah Iki! Mak Bres, Mak Regudhuk, 4 Wong Pacitan Kurugan Lemah Jugrug

Babinsa nambahaken, bilih renovasi RTLH menika dados salah setunggalipun momentum ingkang penting kagem TNI amargi wonten ing kegiyatan menika TNI hanggadhahi  ruang kagem komunikasi sosial kaliyan masyarakat.

Kanthi mekaten, sagedo kebangun solidaritas ingkang sae antaranipun TNI kaliyan rakyat,  wonten ing puncak Hari Juang Kartika 2018. (Vitri Prabawani)

Sumber: Pendim 0714/Salatiga

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Belum ada komentar disini
Jadilah yang pertama berkomentar disini
error: Content is protected !!