Salah sijine bangunan ono ing jreno Saloka Themepark, sing ono ing ratan Fatmawati, Tuntang, Kabupaten Semarang, Seloso Kliwon (11/12/2018). (Foto: Dokumen Istimewa)

Ungaran, beritaglobal.net – Dino Seloso Kliwon (11/12/2018) awan, sak untorone tabuh 13.00 WIB, ono ing ratan Fatmawati, tlatah Tuntang, Kabupaten Semarang, ono menungso sak ndabyak, enom tuo, lanang wadon, do tumpek blek ono ing Saloka Themepark. Luwih seko 3.000 menungso jejel riyel dadi siji neng kono.

Baca Juga:  Gawe Travel Gobal Gabul, Tendi DIKOYOR Polisi

Miturut Ika, Public Relation (PR) Saloka, wong-wong sing kemuyek kui warga Desa Lopait sing sengaja diundang pihak Saloka ing acara slup – slupan ono ing dino iki. Acara iki gratis khusus kanggo warga Desa Lopait.

“Acara Slup-slupan ini merupakan rangkaian acara yang kita gelar jelang soft opening tanggal 15 besok. Khusus bagi warga Lopait hari ini bisa masuk dan menikmati semua wahana yang ada di Saloka secara gratis dengan membawa fotocopy KTP dan KK,” ujare Ika pas ditemoni beritaglobal.net ing kantore.

Baca Juga:  Joss Iki! Mujudake Lan Ngrembakake Imanku Ing Tengahing Masyarakat Pancasila, Tema Misa Natal 2018 Umat Kristiani Jambu

Warga sing do jejel riyel ing sak jroning Saloka ugo katon bungah sumringah numpaki wahana sing uapik eram. Koyo sing dituturke Bu Sumini marang BeritaGlobal sore iki mau.

Baca Juga:  Saloka Themepark Panggonan Plesiran Paling Joss Sak Jawa Tengah

“Kulo daleme Nglopait ngriki mawon. Cerak mriki mbak. Nggih seneng tho mbak saget mlebet mriki gratis. Lha niki kulo bidal kalian lare-lare lan putu-putu, bocah-bocah nggih seneng wong mainane sae-sae. Ngriki sak puase. Kapan meleh tho mbak saget mriki gratis,” Ujare Bu Sumini karo mesam mesem, klecam klecem sajak bungah atine. (VIP/FMA)

Ditulis karo: Vitri Prabawani
Digubah karo: Fera Marita