Joss Iki! Sepuh Mboten Luluh Malah Tambah Ampuh, Balada Sadean Es Tung

Agus Suroto sadean es tung keliling, wargo Jurang Gunting, Kelurahan Ledok, Kecamatan Argomulyo, wekdal ngladosi satunggale pelanggan wonten perum Asabri, Rebo Legi (12/12/2018). (Foto: Dok. Istimewa)

Salatiga, beritaglobal.net – Yuswo mboten saget damel ngukur prakaryan piyantun setunggal lan sanesipun. Kados dipanggihi beritaglobal.net, Agus Suroto (61), wargo tlatah Jurang Gunting RT 02 RW 05, Kelurahan Ledok, Kecamatan Argomulyo, Kitho Solotigo, Rebo Legi (12/12/2018), tasih semangat ngupadi upo sadean es tung – tung keliling.

Diaturaken Agus Suroto, piyambakke sampun sadean es tung – tung antawis 22 taun. Dangu sadean wonten tlatah pulau Kalimantan dumugi mlebet tlatah negari Malaysia, saget mentasaken sejumlah tigo putro putrinipun dumugi ndamelaken griyo kagem sedanten putro putrine.

Baca Juga:  Wah Iki! Mak Bres, Mak Regudhuk, 4 Wong Pacitan Kurugan Lemah Jugrug

“Kulo sadean es dangu wonten tlatah Pulau Kalimantan, sakin pojok wetan dumugi kilen, nate mlebet negari Malaysia, njih sadean es tung – tung mekaten meniko,” ngendikane Agus Suroto.

Kundur wonten kitho Solotigo, antawise 3 tahub kepengker, Agus Suroto tasih ethes mider sadean es tung wonten sak kitare Gendhongan, Ledok, Argomulyo, Klumpit, Kalilondo, Gunung Sari, Tembelangan, Kalangan, Susukan lan tlatah Sumberejo, Kecamatan Pabelan, Kabupaten Semarang.

“Menawi normal kulo keliling sadean milai tabuh 09 enjing. Kulo keliling sadean dumugi Gendhongan, Ledok, Argomulyo, Klumpit, Kalilondo, Gunung Sari, Tembelangan, Kalangan, Susukan lan tlatah Sumberejo, Kecamatan Pabelan, Kabupaten Semarang,” lajeng Agus Suroto, sinambi ngladhosi setunggale pelanggan wonten Perum Asabri, Kecamatan Argomulyo, kitho Solotigo.

Baca Juga:  Wah Iki!! Dikiro Turu Jebul Mati Ngendhat

Rikolo ditangletake hasil saking sadean es tung, Agus ngaturaken menawi rejeki, sedinten saget ngasto kundur kethip antawise Rp 300 ewu.

“Njih menawi rejeki dagangan kulo telas, saget ngasto kundur kethip antawise Rp 300 ewu, nyambut damel asal ditlatosi njih saget berkah,” crios Agus kalian mesem wonten sanding sepedanipun engkang ting bagian wingking wonten seratan ICE CREAM kalian gambar tokoh kartun IPIN UPIN.

Agus ugi ngaturaken menawi wonten engkang badhe tingkas es tung damel acara mantu temanten, khitan lan sanesipun, diaturi tindak dateng daleme.

Baca Juga:  Wah Iki! Yimmy Diganti Gatot

“Kulo njih ngladosi pesenan damel acara – acara resepsi, mbok bilih wonten engkang ngersakke es tung, saget ting griyo kulo ing Jurang Gunting,” sanjang Agus, sakderenge nglajengaken upoyone ngadang rejeki.

Kleresan wekdal niku saktunggale pelanggan es tung, Widianto wargo tlatah Ambarowo, ngaturke mbok bilih kiyambakke gumun, menawi wonten Solotigo tasih wonten es tung keliling.

“Kulo gumun, ting Solotigo tasih wonten engkang sadean es tung keliling, amargi wonten Ambarowo sampun longko, engkang sadean es tung keliling,” criyos Widianto dateng beritaglobal.net.

“Raose njih eco, mas, sanajan mendung ananging tasih ngraoske seger,” ujare Widianto kalian ngicipi es tung. (Agus Subekti)

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Belum ada komentar disini
Jadilah yang pertama berkomentar disini
error: Content is protected !!